B. Daerah

Pertanyaan

Pitutur sakjroning dongeng arane?

1 Jawaban

  • DONGENG

    Salah siji asiling kasusastran lawas yaiku crita rakyat. Jinising kasusastran lawas ing antarane dongeng. Dongeng iku crita kang wis ana wiwit jaman kuna lan dituturake turun-tumurun. Crita ing dongeng iku ora nyata-nyata dumadi. Dongeng bisa kaperang dadi 4 yaiku:
    1. Fabel, yaiku dongeng kang nyritakake kewan-kewan, paragane para kewan. Tuladha: dongeng kancil, dongeng Mula Bukane Yuyu Dadi Pangane Lingsang
    2. Legenda, yaiku dongeng kang gegandhengan karo dumadine sawijining panggonan. Tuladha: legenda Rawa Pening, legenda Banyuwangi, legenda Tangkuban Perahu, lan sapanunggalane.
    3. Mithe/mitos, yaiku dongeng ngenani alaming lelembut, alam ghaib. Tuladha: dongeng Kuntilanak, dongeng Dewi Lanjar, dongeng Nyai Rara Kidul.
    4. Sage/epos/wiracarita, yaiku dongeng kang nyritakake kepahlawaning manungsa lan ngemot unsur-unsur sejarah. Conto: dongeng Amir Hamzah, dongeng Damarwulan.SEMOGA BERMANFAAT , KALO BISA JADIKAN JAWABAN TERBAIK

Pertanyaan Lainnya